Rabu, 11 November 2009

Senat di Sunat

Dalam pasal 30 dikatakan, Senat perguruan tinggi merupakan badan normatif dan perwakilan tertinggi pada perguruan tinggi yang bersangkutan. Senat mempunyai tugas pokok:
1. merumuskan kebijakan akademik dan pengembangan perguruan tingi
2. merumuskan kebijakan penilaian prestasi akademik dan kecakapan serta kepribadian sivitas akademika
3. merumuskan norma dan tolok ukur penyelenggaraan perguruan tinggi
4. memberikan persetujuan atas rencana anggaran dan belanja perguruan tinggi yang diajukan oleh pimpinan perguruan tinggi
5. menilai pertanggungjawaban pimpinan perguruan tinggi atas kebijakan yang telah ditetapkan
6. merumuskan peraturan pelaksanaan kebebasan akademik, kebebasan mimbar akademik , dan otonomi keilmuan pada perguruan tinggi yang bersangkutan
7. memberikan pertimbangan kepada penyelenggara perguruan tinggi berkenaan dengan calon-calon yang diusulkan untuk diangkat menjadi Rektor?Ketua/Direktur perguruan tinggi dan dosen yang dicalonkan memangku jabatan akademik di atas lektor.
8. menegakkan norma-norma yang berlaku bagi sivitas akademika
”Wondene Senat perguruan tinggi dumadi saka, guru besar, pimpinan perguruan tinggi, dekan lan wakil saka dosen. Nanging aku dewe gumun, karo rektor la ya bendaramu dewe, ya anakku dewe Si Bomanarakasura, lha kok ya wani-wanine nerak angger-angger, nrajang hukum, ngilangi SENAT, rumangsa pinter dewe, kumalungkung, arogan kekuasaan, apa deweke pingin dadi penguasa tunggal, kaya jaman orde baru biyen?, iki perguruan tinggi lho Patih, panggonane wong ilmiah, aja mbok gawe kaya nalare bocah cilik wae. Apa rumangsamu yen Senat mbok ilangi terus kebijakan lan keputusanmu syah?, ora isa!!, bendaramu omongono, sadarna, bocah-bocah mahasiswa wis mangerteni kabeh akal buluse bendaramu, aja ditarungne antarane cecak karo baya, kabeh wis ora jamane maneh ana diktator sing ,kuasa, adigang, adigung adiguna. Piye Pancatnyana, kowe didhapuk apa karo Boma? ” Tanya Prabu Kresna saat bertemu dengan Patih Pancatnyana
”Kula pembantu raja (PR) ingkang kaping sekawan Prabu”
”Oh kowe dadi PERAWAN ta?, terus apa karepmu ngowah-owahi paugeran mau?”
”Senat menika namung ngriwuk-ngriwuki rencana pemerintahan Prabu Bomanarakasura , kemawon Prabu?”
”Naaa, ya iki contone raja sing crobo!!, cupet nalare, kumawasa, paranoid, ora ngrumangsani yen pakartine mau bakal ndrawasi, mbilaheni, mbebayani tumrap kaluhuran Universitas Trajutrisna, weee layak ta sak iki kampus iku ndak rasakne kaya usrek wae, jebul bendaramu wis pingin nggawe aturan dewe ta, pingin kondang ngasorake undang-undang negara,... wis ngene wae omongno bendaramu kon madeg dewe pemerintahan lan negara, metua saka Trajutrisna, aku lila legawa, ora apa-apa kelangan anak siji wae, tinimbang negarane rusak mung gara-gara wong sing cubluk lan rakus, luwih becik oncat wae” imbuh Prabu Kresna geram
”Nanging BPH kan sampun nyengkuyung ta Prabu?”
”Piye ???, kowe ki kok goblok temen ta Patih, pimpinan perguruan tinggi sebagai penanggung jawab di samping melaksanakan arahan serta kebijakan umum, menetapkan peraturan, norma dan tolok ukur penyelenggaraan pendidikan tinggi atas dasar keputusan SENAT, bukan BPH, apa lho lha wong BPH sak iki mung dadi Badan Pelana Harian, mung dadi tunggangane penguasa, malah ana sing njilma dadi Bos Proyek Harian, padahal tugas sing sak mestine mung dadi dewan penyantun sing diangkat oleh pimpinan PT mung nggo membantu memecahkan masalah perguruan tinggi, ora ana critane yen dewan mau nduweni wewenang sing ngasorake Senat, kecuali yen kowe sak kanaca rowang nggawe undang-undang dewe, kuwi ya embuh” tegas Prabu Kresna sambil menghela nafas, jengkel.
Patih Pancatnyana, atau Pencetnyana hanya menundukkan kepala. Dia kemudian berjalan gontai, menutup HP yang terdengar berdering ada SMS yang meneror dirinya.
”Nggih ngeten mawon Prabu, tiyang niku mboten wonten sing sempurna, mesthi teng pundi mawon kathah salah lan luputipun, lan kula mireng-mirengne njenengan niku namung ngonceki kelemahanipun Prabu Bomanarakasura, mbok sekali-kali panjenengan niku ngilo piyambak”
”Heh Pancatnyana!!, iki kritik kanggo pemimpin, iki nggo kepentingan umat, kepentingan kawula cilik, aja mbok kira iki mung nggo pejabat, oh luput tumrapingsun, elinga nalika Umar dadi kalifah, ”yen aku salah tulung ilingna karo pedangku iki”, lha kok iki ana wong sing ora oleh dikritik ???, dikritik wae ora gelem ngowahi, apa maneh yen ora dikritik????”, Prabu Kresna geram