Selasa, 26 Juni 2012

Guru Profesional 1

WAYANG SEMPROT
Guru Profesional 1
Dening : Ki Setyo Handono

Leng-leng ramyaning kang sasangka kumenyar oong Mangrengga ruming puri, mangkin tanpa siring halep nikang umah mas lir murubing langit.. ooong tekwan sarwa manik ooong, tawingnya sinawung sasat sekar sinuji unggyan Banuwati ywan amrem alangen myang nata Duryudana ooong myang nata Duryudana….
Ijik isuk umun-umun, Begawan Drona, ya Resi Kumbayana, katon duyuk-duyuk ngasta bentelan arsip pembelajaran sing bakal kanggo caos piwulang tumrap para siswa sing wis ander ana ing padepokan Sokalima. Kabeneran ing dina iku Prabu Duryudana bakal nganakake papriksan tumrap guru bersertipikasi, kepriye mungguh prestasi lan kinerjane. Mula ora aneh menawa para guru ing laladan Kurawa, bab papriksan kinerja mau mujudake momok kang medeni. Pramila ora aneh menawa para guru kaya gabah den interi, anggone padha bingung, awit administrasi pembelajaran ora tau gelem gawe, malah anggone ngrancang program mung ngundhuh saka internet kagungane Panembahan Google sing kawentar pinter lan lantip ing samubarang. Mula ora aneh menawa wosing pasinaon ora kecekel dening para guru Ngastina.
“Oh, loleeee…loleee, soma lole, prit gantil buntute mah joglo, ora ngira yen aku ora gableg apa-apa, wah cilaka iki mengko yen sinuwun ngawuningani aku ora duwe perlengkapan pembelajaran…. Apa maneh aku ya ora bisa nggunakake lap top apa dene computer… wah! Ciloko…cilokooo. Oh sinuwun…muga-muga panjenengan ora mudeng karo pembelajaran….”
“Wonten menapa Bapa Drona kok sungkawa??” dumadakan Janaka wus ana mburine sang panembahan
“Oh!, wangalaikum salaam, oh ngger siswaku sing sigid, sing lantip dewe sak ngalam donya, bener ngger, bapa lagi susah, mula aku yakin yen kowe bisa paring pambiyantu marang pun bapa, mula ya ngger Janaka, bapa rewangana ngluwari ruwet rentenge pun bapa ya ngger… wis ta mengko gampang, bijimu ing Sokalima mengko dak tulis biji sing becik kabeh ngger… mesti kowe lulus cumlaude”
“Inggih bapa dwija, panjenengan kagungan reribet punapa?”
“Eh, ngene ya ngger, Ngestina ing dina iki bakal nganakake monitoring kinerja guru propesional, sing katujokake tumrap guru-guru sing wis nampa tunjangan guru propesional, mbok menawa guru sing wis entuk kabegjan duwit mayuta-yuta kang wis kena kanggo nyicil utang, nglunasi utang, mbangun wisma, mbangun omah anyar, tuku mobil lan liya-liyane…. Iki mengko bakal dipirsani apa bener anggone nyambutgawe wis cocok karo propesine… mula ya ngger, aku nyuwun tulung, mengko rewangana njawab pitakonan saka ngarsa dalem sinuwun Prabu Duryudana…”
“Lha Bapa Druna menapa mboten saget njawab priyangga?”
“Oalaah…loleee…loleee… aku ngrumangsani kok ngger, mbok menawa aku iki guru sing ora pantes nyandang propesional kok ngger…lha kepriye… lha wong RPP , kalender pendidikan, program tahunan, program semester, dokumen pemetaan KKM, silabus, ijazah yang relevan, jadwal pelajaran, daptar hadir siswa, daftar penilaian, bank soal, program remidi lan pengayaan… apa maneh sing jenenge eksplorasi, elaborasi, konfirmasi, sak panunggalane…oh bapa angkat tangan, ora mudeng blas, lha yen sambel trasi, manipulasi, lan korupsi, iku aku mangerteni ngger…”
“Lajeng, menawi bapa paring piwucal dumateng para siswa menapa mboten mawi program pembelajaran…?”
“Ah, kanggoku ora penting kok ngger… sing penting aku mlebu sregep, mulang, muridku seneng, ngelmuku bisa tumanja, ya wis…kanggoku ora perlu kudu bisa teknologi computer lan nguwasani LCD… lha yen CD thok aku ya bisa kok ngger, malah nyang endi-endi aku ya nganggo CD kok…”
Janaka katon mesam-mesem kecut. Tumrape bleger guru kang katemben diadhepi iku kalebu guru konservatif. Yaiku guru sing ora gelem ngowah-owahi adat kabiasan, kabisane dianggep barang paten sing ora kena diowah-owahi. Mula ora aneh menawa pembelajaran, mung dikuwasani dening guru. Pembelajaran asipat monoton, siswa kaya-kaya ora entuk  panggonan caos pitakonan, gumathok karo piwulang kan ditampa. Nanging Janaka ora sranta munggel apa sing dikersakake sang dwija. Deweke sigra pamit arep nerusake ‘tugas terstruktur’ sing dikersakne sang dwijo. Ana Candake

















Tidak ada komentar:

Posting Komentar