Selasa, 15 September 2009

Ketemu Bapa

Aih inggih, leres ndara, lha niki wau ajeng tindak pundi, lha kok ketingal kesesa nitih sepeda motor ngebut”
“iya Kakang, aku arep nyekel teroris yaiku pawongan sing ngganggu ketentremane Negara Ngamarta”
“Mbah !, siapa orang ini, orangnya bagus tapi kelihatan emosian, apa ini juga temannya Bathara Guru ?” sela Wisanggeni
“Aih… aih mbregegeg ugeg-ugeg sak ndulito hemel…hemel, aih ya iki kang aran
Raden Janaka, satriya panengah Pandawa”
“Melu rombongane Bathara Guru ora, yen melu kandhakna pisan, mengko bakal ndak jotosi, ben bangka pisan, iya mbah melu ora deweke?”ancam Wisanggeni
Raden Janaka bertambah merah wajahnya. Ia curiga pastilah anak inilah yang dimaksud teroris Wisanggeni M Top, seperti yang dilansir oleh media cetak, dan selebaran yang sudah beredar di kalangan masyarakat luas
“Kakang Semar, siapa anak kecil ini, sepertinya kok ndak pernah diajari sopan santun, dan tata karma. Sepertinya anak inilah yang dimaksud teroris itu. Kalau begitu kebeneran, aku bakal ngrangket, dan bakal aku masukkan penjara…”
“Aih… inggih leres, inggih menika lare ingkang ndara padosi. Nanging sakderengipun jengandika ngrangket lare punika, keparenga kula bade ndongeng langkung rumiyin, mangke menawi sampun cekap, monggo kersa lare menika kula pasrahaken paduka”
“Piye mbah, apa wong iki wis isa ndak jotosi?”
“Aih, sabar ngger…sabar, mengko wae jotosono sak karepmu menawa wis rampung anggonku ndongeng”
“Oh iya, yen ngono ndongenga dhisik, aku ndak latihan jotosan dhisik”
“Pripun ndara, menapa kula kepareng ndongeng langkung rumiyin?”
“Iya Kakang, ingsun bakal mirengake dhisik”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar