Kamis, 29 Oktober 2009

Berkumpul Kembali

Kabut panas laksana membakar kulit di beberapa siang hari ini. Sementara malam terasa gerah memaksa keringat berbau apek menyembul keluar bak lumpur lampindo yang menebarkan aroma ndak sedap ke sekeliling ruangan. Sehingga seisi ruangan kamar tercium bau keringat yang amat menyengat. Sementara Ki Lurah Semar yang tengah berlari mengejar Bathari Durga harus lepas baju, lantaran hawa panas ndak kuasa ia tahan, sekujur tubuhnya gerontolan air keringat mengucur deras. Dalam hatinya risih juga, sebab ketika berangkat tadi dia ndak sempat pakai parfum pewangi. Baru saja terbang beberapa saat, matanya mendengar perempuan merintih kesakitan. Ki Lurah Semar ndak pangling dengan suara tersebut, ”Uh pasti suarane Durga itu, akan aku cari dia”. Semar segera menurunkan kecepatan terbangnya. Spidometer yang terpasang di tangan kanannya, jarumnya nampak melemah ke kiri. Ki Lurah Semar segera plilak-plilik mengawasi dan mencari arah suara berada.
”Nah ini dia !!!, munyuk-munyuk dakjal laknat ternyata di sini, He Dewa Srani, Permoni Durga!!!”
“Wonten napa Kiai?” jawab Dewa Srani sambil membalut kaki Mami Bathari Durga yang kesakitan kecantol kawat bangunan kampus Dhandhang Mangore
“Dersanala mbok balekne apa ora !!?”
“Pangapunten Kiai, kula sampun mboten mbekta pun Dersanala malih”
”Aku ora percaya karo kandhamu, heh Permoni, hayo ndang dudohna ana ngendi Si Dersanala, sepisan maneh yen kowe goroh oh awakmu bakal ndak mutilasi, mumpung iki ana Sarangan, hayo mbok uculne apa ora?” ancam Ki Lurah Semar sambil mendekati tubuh Bathari Durga yang terbaring lemah.
”Bener Kakang Semar, Si Dersanala mau ana kene, nanging iki mau digawa mlayu Si Petruk” jawab Durga jujur
”Awas yen omonganmu ora kena ndak percaya, oooh klakon Dhandang Mangore ndak obrak-abrik, ya yen ngono aku ndak nututi Si Petruk, wis urusana mamimu, gawanen nyang Puskesmas kana, obatana nganggo tintir, obat merah”
”Kasinggihan Kiai”

Semar langsung berlari meninggalkan Durga dan anaknya. Dia berlari ke arah barat, menuju Istana Ngamarta. Di sana sudah banyak para pembesar yang sudah hadir. Bahkan Wisanggeni sudah nampak juga di sana. Ki Lurah Semar segera tergopoh-gopoh memasuki halaman. Dia disambut oleh Dewa Resi dan Dewa Bagus.
”Aih...aih mbregegeg ugeg-ugeg sakndulita , eih bareng aku ketemu panas-panas ngene iki aku kok ora pangling karo kringetmu, eh Dewa Resi, Dewa Bagus, iki lakone wis meh tamat, hayo padha enggal cucula busanamu, aku ngerte kowe sapa saktemene”
”Lho kok cucul busana ke kepriye?”
“Kowe aja ndadak ethok-ethok ora njawani, aku ngerti kowe ki Nerada, lan anakku Kamajaya, hiya ta?”
Dewa Resi dan Dewa Bagus jadi tersipu malu. Akhirnya ketignya segera memasuki istana.
Di dalam istana konta menjadi lengang dan khidmat. Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, Werkudara, Janaka, Nakula dan Sadewa nampak duduk menununduk menghormati kedatangan Resi Kanekaputra alias Narada, Dewa Kamajaya, dan Dewa Ismaya alias Semar. Prabu Puntadewa nampak girang sekali, dia segera merangkul ketiganya.
”Iki to the point saja ya ngger putuku kabeh, dahuru atau musibah yang dialami oleh Ngamarta saat ini udah berakhir untuk sementara waktu,dan Si Janaka wis kasil mboyong bojone karo anake sing lahir ndik Kawah Candradimuka, malah ndek mben wis ulun paringi tenger lengkap karo surat akte kelahirane pisan, yaiku Raden Wisanggeni. Mula gandeng tugas ulun wis paripurna, ulun bakal munggah Kahyangan, lan aja lali suk yen jeneng kita nyunatne utawa ngrabekne, ulun dikabari lho, nganggo SMS wae, wah ulun mesti bakal melu mangayu bagya, wis ya, padha andum basuki, ulun ma kahyangan”
Para hadirin segera menghantar keluar menuju tempat terbangnya dua dewa tersebut. Mereka kemudian melambaikan tangannya. Sementara Prabu Kresna segera mengambil alih pembicaraan
”Dhumateng para ingkang sami lenggah, inggih kanthi tumuruning Sang Wiji Sejati menika, ingkang badhe anjejegaken dhateng para bebrayan ingkang nedheng sami kalimput inggih kanthi lairipun anak kula pun Wisanggeni punika badhe saya amimbuhi kekiyataning Praja Ngamarta, lan yayi Arjuna inggih sampun makempal malih kalian garwanipun, nun inggih Bathari Dersanala. Purnaning atur kathah kalepatan-kalepatan kula, mboten langkung tansah nyuwun gunging samodra pangaksami, kanthi asesanti jaya-jaya wijayanti sepisan merdika tetep merdika salamiya. Tammat

1 komentar:

  1. Mantul pokoke lah, kreatif bgt, semangan trus, kreatif dan brerkreasi tanpa batas, tapi tidak meninggalkan pakem

    BalasHapus