Jumat, 16 Desember 2011

Mandura Komplang (4) Ki Setyo Racethocarito

Raksasa krura reh kagiri-giri anggro lir singa nabda kadyenggal manubruka oooong…
Sepanjang jalan, Prabu Baladewa marahnya bukan kepalang. Dirinya merasa telah dilecehkan oleh Ki Lurah Semar. Prinsipnya, yang namanya manggalayuda atau komandan prajurit harus bangsa manusia termasuk dirinya. Dia dengan lantang menolak dukungan terhadap Anoman. Pokoknya asal dudu Anoman. “Asal dudu Anoman…. Asal dudu Anoman, Prabu Baladewa kudunya yang pantes jadi tetungguling prajurit… aku kuciwa…aku ora sudi diprentah munyuk Anoman….oh keparat kowe Semar…”
Begitulah emosi Prabu Baladewa benar-benar tidak dapat terbendung lagi. Ia pun sepanjang jalan memprovokasi masayarakat yang dilewatinya, agar membubarkan pasewakan yang bakal diadakan oleh Semar. “He, para penduduk Ngamarta, sira aja gelem menawa prajurit Negara iki dipimpin dening munyuk Anoman. Yen kowe ndukung, ateges kowe ya bangsane munyuk-munyuk….ayo demo Anoman,,, Ayo ndemo Anoman…”
Semakin lama, berita pangamuknya Prabu Baladewa meluas dan santer terdengar hingga kahyangan Dandangmangore. Ndik sana, yang namanya arwah-arwah lelembut yang pernah dikalahkan oleh Anoman, merasa mendapat peluang untuk balas dendam. Oleh karena itu, raksasa jin brekasaan sekaligus mbahnya iblis laknat, yang bernama Gudhayitna, segera menlepon wadyabalanya untuk segera meeting di sitinggil kahyangan Dhandhangmangore, “He keparat iblis laknat sajagat mrenea, ngumpula, ingsun ngersakne kowe kabeh mrene… jangan lupa sambil membawa laptop, buku catatan, serta berpakaian safari lengkap…!!!” pintanya semangat.
Spontan para demit, thuyul, jinglot, gendruwo, banaspati, setan, dan para iblis datang berduyun-duyun mentaati perintah juragannya. Mereka lari tergesa-gesa berpakaian seadanya. Ada yang Cuma berpakaian kaos oblong, pake sarung, dan ada juga yang ndak pakaian sama sekali. Maklumlah mereka adalah para pemimpin lelembut yang tidak pernah mengenyam pendidikan. Jadi nggak bisa diatur, nggak ngerti tatakrama, nggak punya konsep, kemplo alias keminter plonga-plongo. Rusak, rusuh, dan susah diatur.
“Nun, wonten wigatos menapa juragan, kok kawula tinimbalan mangarsa, hnonoknon…”
“Heh, para iblis laknat, mangertia menawa dina iki ingsun ngersakake pambiyantumu, saperlu males ukum, nyirnaake si munyuk kethek putih Anoman. Mumpung ing dina iki sinuwun Prabu Baladewa lagi kuciwa ing manah jalaran deweke ora kepilih dadi tetungguling prajurit Ngamarta. Hayo, kesempatan iki dimanpangatake kanthi becik. Sira ndak utus nggoda para panggede Pandawa. Dene mangko, ingsun dewe kang bakal nggoda Prabu Baladewa. Ingsun bakal lumebu ana hanggane Prabu Baladewa. Dene kowe lumebua ana hanggane Antarja, lan Gathutkaca…jlomprongna, sesatkan, godanen priye amrih Ngamarta rusak lan bubrah, wondene pingin numpes para pandawa, mengko aku dewe sing bakal mateni sak kabehe”
“Interupsi sinuwun…”
“Hiya, ana apa, enggal matura…”
“Kula niki mboten gadhah piyandel menapa-menapa, ijazah mboten gadhah, ketrampilan mboten gadhah, saget kula namung mbanyol… niki mangke pripun?”
“Oooo, dasar iblis ora cetha. Lha ya peneran ta mengko. Menawa kowe bisa mlebu ning raganing si Gathutkaca utawa si Antarja, mula mengko kalorone bakal nandang bodho plonga-plongo koyo kowe. Yen wis kasil kaya mangkono, ateges prajurit Ngamarta bakal rusak, dadi bocah mendho kabeh.. Mula yen wis mangkono, gampang yen ta pingin nyirnaake para Pandawa sak Anomane pisan….”
“Oooo makaten ta….”
“Lha ya iya ta, mosok dadi pemimpin kok mung sambat, pripan-pripun wae… lha piye biyen nalikane kowe dadi adipati ning kene kae?”
“Lha nggih niku, kula niku namung pocokan, asline ngoten kula niki mboten saget nopo-nopo. Keminter kula niku nggih namung ngge nutupi kelemahan kula….”
“Oh dasar iblis kemplo!!!, mula kemintermu ya mung plonga-plongo, dadio adipati ya mung plonga-plongo, anak buahmu ya melu bodho”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar