Jumat, 16 Desember 2011

Pandowo Mutasi (2) Ki Setyo Racethocarito

Ascarya Drupada wit tuturing raka karenaning driya katuju ing prana … oooong
Sebelum pasukan diberangkatkan ke Karangkedempel, para penggede Pandowo Nampak berhenti sejenak di teras Pendapa yang Nampak asri. Ndik sana ada pejabat lengkap dengan pakaian kebesarannya. Mereka sengaja duduk-duduk di teras menunggu Prabu Puntadewa yang tengah menjalankan sholat sunnah di mushola Ngamarta.
“Jlitheng kakangku…”
“Apa Werkudara?”
“Aku sarujuk karo kakang Semar, dene ing kalenggahan iki deweke ora mbedak-mbedakne. Ana masalah dirembuk bareng, ana masalah dipecahne bareng-bareng. Aku prihatin dene ing wektu iki akeh pemimpin sing sak karepe dewe. Mban cinde mban siladan. Pilih kasih, ora proporsional, ngawur, tebang pilih, ora gelem rembugan, mung golek menange dewe…. Aku sarujuk karo sarasehane kakang Semar. Mula aku njaluk marang mbarep kakangku, Jlitheng, Kembar, lan kabeh wae, hayo padha budhal kabeh. AJa ana sing sisip klewatan ing laku….”
“Aku ya ngaturake panuwun karo Kakang Badranaya, dene ing sarasehan iki ora ana sing kliwatan, Begawan Abiyasa minangka wakiling pendeta, ngulama, lan biksu, lan aku dewe minangka wakile para dewa, dene Prabu Punta minangka wakile para natapraja Ngastina…”
“Interupsi yayi Kresna!!”
“Oh nun inggih kaka prabu, wonten punapa?”
“Awit mau isine kok mung ngalembana kakang Semar… apa rumangsamu Semar iku wong sing apik dewe…”
“Pancen kepara makaten lho kaka Prabu, wonten menapa ta ?, kok ketawis kuciwa ing manah?”
“Aku tak takon karo awakmu,…”
“Bab menapa?”
“Apa bener ing sarasehan mangko sing dadi wakiling prajurit Si Anoman?”
“Kasinggihan kaka prabu”
“Lho rak tenan ta…, Semar itu apa nggak mikir, apa memang sudah nggak pake otak, Anoman itu hanya bangsa munyuk, bangsa kera, mung drajate kewan, lha yen dokter kewan mono lumayan, lha bareng iki mung bangsane munyuk. Apa kira-kira pendawa iku kurang menungsa, kurang uwong. …lha wong ing atase Anoman kok dadi direktur…”
“Mangke rumiyin ta kaka prabu, panjenengan sampun duka rumiyin, kula yakin bilih kakang Semar sampun metang kanthi jangkep kenging menapa Anoman dipilih minangka wakiling prajurit…”
“Ah ora masuk akal, lha wong kewan kok makili prajurit. Apa kira-kira Ngastina wis kentekan prajurit!!, apa kira-kira Anoman luwih sekti tinimbang Prabu Baladewa !!?, Iki Lho Prabu Baladewa ratu Mandura, ratu gung binathara, sekti mandraguna, seksenana, menawa aku ora bisa mecah sirahe Anoman!!, ooh aja diangkat aku dadi bupati Mandura…. heh Semar!!... klakon ndak obrak-abrik sarasehanmu!!!”
“Sabar kaka prabu… sabar…”
“Ora bisa!!, aku ora trima dilecehne karo Semar, aku bakal demo nggawe ontran-ontran, ngobrak-abrik sarasehane Semar. Heh Semar!!! Aku ora trima, Semar keparat!!, aja mlayu aku Prabu Baladewa bakal ngobrak-abrik sarasehanmu, Wis aja ngalang-alangi lakuku, aku bakal metu saka kene, brubusss….!!!” Prabu Baladewa naik pitam melompat lari menuju Karangkedempel.
Orang-orang Pandawa hanya tercengang, tidak bisa berbuat apa-apa. Mereka seperti orang pilon, mendho, plonga-plongo. Mereka sudah hapal dengan karakter Prabu Baladewa yang brangasan. Mereka pun mengelus dada, meredakan kecemasannya. Kemudian Prabu Punta segera mendekat Prabu Kresna
“Pripun menika, kaka prabu?”
“Wis ora usah sumelang, sing penting acara sarasehane Kakang Semar aja nganti wurung. Gathutkaca, Antasena, Wisanggeni, Antarja…”
“Kasinggihan sinuwun…”
“Sira budhala njaba. Kanthinen para parjurit Ngastina. Siyogoa ing tepis wiringing Karangkedempel. Awasana sing ketat sadhengah pawongan kang mlebu lan lumetu ing sanjabaning rangkah, nggowoa gegaman sing jangkep. Dene yayi Punta, Werkudara, Janaka, lan Pingsen Tangsen, kanggo sak untara wektu hayo mutasi utawa boyong ndik Karangkedempel, sarasehan bab negerane dewe sing lagi macet iki. Dene Antarja lan Gathutkaca awat-awatana Kakaprabu Baladewa dari darat dan udara..”
“Kasinggihan… wa prabu… hayo dhi ngawat-awati pangamuke sinuwun Baladewa…”
“Hiya kakang, hayo ndak derekne”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar