Senin, 15 Juni 2009

100 % Ndak Lulus ??

Oooong surem-surem diwangkara kinkin, lir manguswa kang layon, denya ilang kang memanise, wadananira layung kumel kucem rahnya maratani, oooong......

Pagi umun-umun Bu Guru Limbuk nampak murung. Secangkir kopi yang ada di atas meja kerjanya masih nampak utuh. Bu Cangik yang menyaksikan perubahan pada diri Limbuk , ikut menjadi bingung. Didekatinya anak semata wayangnya itu.
“Ora ngono lho Nduk, Simbok mirsani awakmu pagi ini kok kelihatan methuthut, ora semangat kaya dina padatan. Simbok jadi bingung, sebenarnya ada apa ?, apa kamu pingin rabi?, terus kira-kira pacarmu iku bocah ngendi, anake sapa, wis nyambut gawe durung?, nggantheng apa ora?”
“Ah ora kok Yung, aku susah karena tiba-tiba hatiku jadi gundhah memikirkan nasibnya bocah-bocah, muridku SMA”
“Ana apa murid-muridmu Ngger ?”
“Sedela engkas kan pengumuman ta Biyung, aku kuwatir, kepriye mengko yen akeh sing ora lulus”
“Aku iki jian nggumun kok Ngger karo guru zaman sak iki. Sakjanya ngono kurang apa, gaji, fasilitas, dan lain-lain, kabeh wis cumepak komplit-plit , malah wis pada lulus sertifikasi, nanging kena apa kok durung bisa memotivasi murid-muride dadi semangat belajar, hidup madiri, cerdas dan trampil, terus gaji sing gedhe mau kanggo apa, malah kaya awakmu iki lho, sing jenenge rencana pembelajaran wae ora tahu nggawe, terus muridmu iku mbok program kepriye?, lha yen awakmu dadi guru propesional, mestinya ndak akan sebingung itu, tetapi akan enjoy menghadapi semuanya. Lha yen murid-muridmu banyak yang ndak lulus, berarti keprofesionalan guru sing lumantar sertifikasi mau mung apus-apus. Kowe sak kancamu mau mung sir gajine, nanging nglirwakake gaweane, ilinga ya Ngger, Simbok ora rila menaawa jejibahan kang luhur iki mbok kianati, kowe kudu sadar yen kaya mangkono mau berakibat rezeki pengasilanmu mau ora barokah, ora kalal, lan bisa njalari anak didikmu ora pinter, malah dadi mbandhel”
“Bener kok Yung. Aku ya sering ngudarasa, menawa anak didik mbandhel, bodho lan ora pinter mau akeh sithik ya saka faktor gurune kok Yung”
“Ya aja gurune thok, lingkungan keluarga, masyarakat, lan perundang-undangan pendidikan barang ya ndukung terciptanya keadaan yang seperti ini, oleh karena itu yang penting niatmu kudu dibarengi karo perbuatan nyata yang tulus dan iklas memajukan pendidikan..”
“Iya Yung, malah aku dhek wingi uga melu workshop KTSP, quantum teaching, pelatihan EQ, micro teaching, peer teaching...”
“Simbok sing penting ngajab aja nganti pendidikan dadi tai kucing Nduk, sebab yen cing ...cing sing kaya mbok kandakne mau mung di eloni krana milik sertifikate wae, mula sertipikatmu mau klebu sertipikat tai kucing”
“Kok bisa Mbok”
“Lho la iya ta, lha wong tai kucing kae bentuke kaya coklat, nanging rasane ya kaya ngana kae, lagi ambune wae ka kadohan byuh ... ora kuwat Simbok !, tak kira ya kaya mau sanepanne ngelmu kang mubadir, ora ngerti trap-trapane lan kanggone. Mula ya Ngger ya, yen ana seminar, workshop, pelatihan, aja mung nggolek sertipikate, nanging regemen ngelmune ”
“Iya Yung, nanging coba ta delengen iki lho ana berita” pinta Limbuk sambil menyodorkan koran barunya.
Mami Cangik kelihatan ndak mudeng dengan berita yang disodorkan anaknya.
“Ini lho Yung, murid-muridku SMA ?”
“Yang mana?”
“Lihatlah di halaman depan”
“Endi ta Nduk?”
“Iki lho, Peserta Unas SMA Negri Dakjal Laknat, tidak lulus 100%!!”
“Haaa ???”
Mami Cangik seakan ndak percaya atas musibah yang menimpa para siswa SMA tersebut. Dia ikut menanggung cemas dan malu, sebab Limbuk anaknya adalah wakasek urusan kurikulum yang bertanggungjawab terhadap pelaksanaan pembelajaran di sekolah tersebut. Mami Cangik hanya mondar-mandir mengelilingi ruangan. Sedangkan Limbuk sentres berat berguling-guling di dipan dalam kamarnya.
Namun Mami Cangik ndak terlalu larut dengan peristiwa itu. Dia memutuskan keluar ruangan untuk melanjutkan menyapu halaman.
Baru saja mau membuka pintu, ternyata di depannya sudah berdiri bendara putrinya
”Lho niki rak Ndara Putri Manohara ta?, wilujeng Ndara?, kalawau nitih napa?, aduh...aduh priyayi kok ayune ora njamak, terus pripun Gusti Pangeran?, kok mboten nderek ?”
” iya Biyung emban, aku mau nitih Buraq, gustimu ora melu, aku wis prasetya menawa aku ora bakal bali maneh”
”Lho pripun ta panjenengan menika?”
”Lha ya embuh ...”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar