Senin, 15 Juni 2009

Wajah Portofolio

Kita tinggalken dulu kisahnya Wisanggeni and Ki Lurah Semar. Sekarang kita lihat di taman keputren, tempatnya garwa prameswari, gadis kedaton- putri ngarsa dalem-, dan biyung emban yang tengah bercengkrama melihat tayangan sinetron ‘ Muslimah’.
Sesaat ketika mereka tengah asyik, tiba-tiba filmnya terputus oleh tayangan iklan. Kontan mereka histeris jengkel. Diambilnya ubi jalar yang telah tersedia di atas meja tamu, untuk mengalihkan perhatian. Mereka mencoba ‘ngemil’ sambil mendiskusikan nasib gadis muslimah yang terpenggal oleh iklan tadi. Namun belum sampai ada tanggapan, tiba-tiba Limbuk Monica, datang dengan membawa tentengan stop map yang berisi ratusan lembar kertas yang tersusun acak-acakan.
“Hoalah Ngger anakku bocah kenes, Endang Monica?, tekamu kok ora kaya padatan, mlebu ngomah ora uluk salam, wajahmu kusut kaya kertas portofolio sing mentas dilegalisir nganggur. Rambutmu awut-awutan kaya dokumen sing mbok gawa kuwi ta nduk, banjur sakjane kowe kuwi lagi ngapa, kok teka-teka methuthut, njabrut, persis kertas poto kopian sing mbok uwel-uwel ning njogan kae” sergah Cangik mencecar pertanyaan yang membuat semakin sumpek pikiran Limbuk.
“Hoalah Mak... Mak. Sampeyan kan ya ngerti sendiri ta kalau anakmu sekarang lagi entuk panggilan sertifikasi, dadi ya pantes yen keadanku ya kaya mangkene iki. Idhep-idhep iku mau kabeh nggo ndandani nasib. Mosok guru saklawase mung kaya kere, omah ora gableg, utang mung mbanyu mili ara ana tuntase, terus suk kapan guru swasta kaya aku iki isa urip kepenak, padahal sing jenenge guru partikelir iku sanggane luwih abot tinimbang guru negri. Nyambut gawene padha, nanging nasibe beda. Nanging kebukten menawa guru swasta daya tahane luwih becik tinimbang guru negri. Iku mau kabeh saka iklasing niat kang tumus ing lahir batin. Senadyan gajine sithik, paribasane nggo tuku sega pecel wae ora cukup, nanging uripe luwih barokah.Awit niate tulus mung mligi minterne para siswa tanpa pamrih. Suwalike akeh lho mak guru negri sing ora kaya mangkono mau. Senadyan loro-lorone guru negri, ning uripe sarwa kisruh, utange sundul ngawiyat, anak putrane ora ana kang mentas, ekonomine morat-marit, malah-malah akeh guru sugih kang laku selingkuh...”
“Nanging suk menawa awakmu wis sugih, kowe aja terus lali karo tugas-tugasmu kang mulia kuwi lho ?”
“Ah ora kok Mak. Lah yen iku wis dadi prasetyaku sak lawase urip menawa kau kepingin dadi guru kang propesional, bersahaja, bertanggungjawab, jujur, dan berkepribadian tinggi kaya kang wus digambarake ing sepuluh komponen portopolio, Simbok biyen kan ya guru ta?”
“Iya nduk, simbok biyen ya guru, nanging nanging karo pemerintah mung digugu karo turu. Tegese guru biyen iku profesi sing dimarginalkan. Arang sinoman kang ketarik karo sing jenenge guru mau. Mereka gengsi yen mung trima dadi guru. Malah-malah wong-wong priyayi biyen isin yen duwe mantu guru. Sak iki zamane wis bergeser. Guru menjadi pesona bagi para kaum muda. Mung emane niate ora kanggo minterne para siswa lho ngger, akeh-akehe mung nggo golek pangupa jiwa, numpuk banda, kanthi sangu kaprigelan kang cupet. Entek-entekane dunia pendidikan menjadi semakin terpuruk. Bener sertifikasi jalan terus, nanging mutu pendidikan iku mau ora ana owah-owahan babar pisan, awit sing diarep-arep mung gajine wae, sementara mutu kinerjanya nggak ana perbaikan, mentale wis kadhung terkontaminasi budaya korupsi dan manipulasi”
“Wah simbok kok wawasane jero ta?”
“Simbok iku isih ngugemi piwulang guru sepuh jaman biyen kok ngger. Simbok yakin kok karo keyakinan sapa sing jujur bakale makmur, sapa sing tekun bakal ketekan, jer basuki mawa beya, mula ya ngenuta ngelmu pari, saya mentes isine yen isa ya ndingkluk amari kelu, aja ndangak adigang-adigung adiguna, sapa sira sapa ingsun. Ngelmu iku kelakone kanthi laku. Patrapane menawa kowe kuwi ora duwe sertifikat kaya kang disyaratake ing sepuluh komponen mau, ya aja ngakal-akali, ngrekadaya beteke mung murih nilai, elinga ya ngger, banda donya iku menawa olehe saka dalan kang ora bener, mesti tinemu wewaler...”
“tenan kok Biyung aku ora tahu ngakal-ngakali sertifikat kok, luwih-luwih tuku PTK, tuku skripsi...”
“Lha apa ana lho Ngger wong dodol PTK lan skripsi mau?”
“Wah ya ana, malah sing dodol mau ya para guru-guru dewe”
“Wah ya ngene iki sing jenenge palang mangan tandur, ngrusaki dunia pendidikan, sing tuku karo sing adol padha padha nyemplung neraka, mula kowe aja tiru-tiru sing kaya ngono mau ya ngger, banda donyamu ora barokah, awit sing mbok pangan ora khalal. Bukti fisikmu sak anane wae. Yen pancen ora duwe sertifikat, PTK, lan karya tulis lainnya, nggak usah kamu mengada-ada, utawa malsu data, simbok ora sarujuk”
“Ya muga-muga para guru sing adol karya ilmiah mau padha bisa sadar, insyaf, mengakui kesalahan dan tobat nasuha. Wondene yen ora gelem insyaf muga-muga pihak berwajib bisa nyekel lan ngadili kanthi seadil-adilnya, simbok berpendapat menawa perbuatan iku mau kabeh minangka kejahatan akademis dalam bentuk penipuan”
“Hoalah ngger ... ngger aku ngucap syukur marang Gusti Kang Akarya jagad dene awakmu isik ngugemi angger-anggering agama lan pemerintah, syukur ngger, simbok melu seneng..”
“yen ngono dongakna aku ya Biyung, muga-muga Gusti paring umur panjang supaya aku bisa dadi guru kang propesional, berbudi pekerti kang luhur, cerdas, rendah hati, bertanggung jawab dan berwawasan luas...”
“Amin...”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar