Senin, 15 Juni 2009

Piwulang Jejering Pemimpin

Sore itu langit di atas pertapan Ngawiyat nampak gelap. Para Punakawan memilih diam di pertapan daripada keluyuran di alun-alun atau di jalan baru yang hanya cangkrukan ngobrol ngalor ngidul nggak ada manfaatnya, belum lagi hujan gerimis sudah mulai turun. Mereka enakan ngobrol sama Panembahan Dewa Resi sambil makan jagung bakar plus jadah goreng lumayan kenyang dan banyak manfaatnya.
”Pripun janji panjenengan kalawingi Panembahan?” tanya Petruk tiba-tiba
”Lha apa kowe wis paham kabeh apa durung karo piwulangku, dhek wingi kae?”
”La nek kula nggih dereng panembahan, entahlah kalau kang Gareng”
”Piye Nala Gareng, kowe apa ya wis mudheng bab jejering pemimpin..”
”Waa, menawi kula sedaya sampun gadah panembahan. Malah piwucal panjenengan menika sampun wonten ing buku lan CD kula teng griya, malah sedaya bab administrasi, kepemimpinan, kepegawaian, puun cekake komplit-plit..”
”Gek kabeh ya wis mbok waca apa durung?”
”Nggih niku panembahan, .... dereng....”
”Waaah, layak ta Reng...Reng, saben-saben kowe ki mung binguuung wae, masa kowe ki dadi atasan ning ora paham apa sing dadi wewenangmu,
tugasmu amburadul, surat-surat salah kabeh, anak buahmu mumet bingung, ora isa mbedakne surat dinas karo surat ’dimas’, kabeh mbok gebyah uyah rumangsane karo pacarmu wae, hoalah ta Reng...Reng ngono kok dadi atasan, lha lek aku pilih bawahan wae, akeh penake, contone njero rok kae...” jelas Bagong sambil cengengesan
”Oalah bocah edan kok dirungokne, ...(Petruk menghela napas, kemudian..) lajeng dos pundi Panembahan kelajengipun piwucal kalawingi?”
”Kae lo Reng melua ngrungokne , ben melu pinter, sapa ngerti suk nasibmu kepener , bisa dadi traktor, eh rektor.., nggih Panembahan ... pun mbah panjenengan lajengaken malih, kula nggih tumut sinau” pangkas Bagong menyela pembicaraan
”Hiya Bagong, Gareng dan Petruk, aku arep ngonceki lagi bab syarat-syarate dadi pemimpin. Dhek wingi tumeka ing bab Mangkat, matah, matrap lan mandum terus ndak tambahi, lamunta aweh gawe utawa pekerjaan marang kawula utawa bawahan, miliha wong kang profesional, pas karo kepinterane. Jangan sampai ada pepatah cangkul engkau pakai membelah kayu, atau wadung kamu pakai menggarap tanah , iku jenenge aweh gawean ananging ora pas babar pisan. Akibate gawean dadi rucah, rusak ora karu-karuan, aja mentang-mentang ndisik dadi team suksesmu banjur diangkat ngono wae tanpa nonton keahliane. Terus mangkat artinya apa yang telah engkau dapatkan sebagai pemimpin niatana budhal atau berjalan untuk memperoleh kebaikan tanpa pamrih. Matah maksudnya kalau kamu jadi pemimpin bisoa milih dan milah siapa saja orang yang layak mendapatkan pekerjaan berdasarkan kemampuannya. Matrap artinya memberikan sanksi kepada siapa saja yang bersalah, dan memberi hadiah atau penghargaan kepada siapa saja yang berprestasi, tanpa pandang bulu. Mandum, artinya membagikan penghasilan atau rejeki secara adil dan merata kepada seluruh warga. Jangan sampai kalau ada proyek yang sekiranya mendapatkan keuntungan terus dikuasai sendiri, sedangkan kalau ada proyek yang tidak ada uangnya diberikan kepada orang lain, iku tegese srakah atau rakus. Oleh karenanya Truk, kalau kamu jadi pemimpin kowe kudu gemi, artinya bisa mengelola dengan cermat segala pendapatan dengan merata, tidak boleh boros, sukur bage yen isa mengembangkan pendapatan sing tundhone isa nambah makmure nasibe para kawulamu ,nastiti artinya cermat dalam mengelola pengeluaran , ngati-ati maksudnya ngarah-arah sabarang reh, patrap ing tindak-tanduk , laku linggih
Solah myang muni mung ngesthi tyas weweka wikara ing pakewuh, lamunta ana barang widhi atau barang yang tidak syah ora bakal katampa. Piye Gareng ?, apa wis mudheng kabeh ?
” Oalah dasar menungsa ora enak, he ! Reng !!!, lha wong dijelasne lha kok malah merem, tangi ... tangi Reng !” teriak Bagong sambil membangunkan
” waaa wis tekan ngendi iki mau Gong ?!!” Gareng terbangun sambil mengucek matanya
”Wis Gong, Si Gareng ora usah dibangunken, mengko wae dewekne ndak dhawuhane maca buku diktate sing ana ngomahe kae” tukas Panembahan Dewa Resi
”Waaah nuwun pangapunten Panembahan, kala wau dalu kula wonten pertandingan badminton sedalu natas, dados ngantuk sanget”
”Ya, ora dadi apa Gareng wis terusna anggonmu ngaso, aku tak ngomong karo wong loro iki wae”
”Inggih Panembahan”
”Wis Reng kana ndang mapan ning sor ringin, aku arep ngangsu kaweruh”
”Iya Gong, mengko yen ana bab kang wigati SMS-en wae”

Gareng segera meninggalkan pawiyatan siang itu. Dia memilih berbaring di bawah pohon beringin yang berada di depan rumah sang Dewa Resi.
Sementara itu Sang Dewa Resi melanjutkan kembali materi kepemimpinan menurut ajaran budaya Jawa.
”Dene menejemen miturut kawruh kejawen diperang ana telung babagan. Siji kantha, loro kanthi, katelu kanthong, ananging gandheng wektune wus ngancik wanci sarapan aku arep dhahar sarapan luwih dhisik, kowe sakaloron ngancanana Gareng ning sor ringin kana dhisik, sebab Nyai Resi mung sethithik anggone olah-olah mau, dadi ya sabar sauntara mengko yen wis mateng tak SMS” jelas panembahan sambil memasuki ruang makan
”Ooooo... bajul ucul, ndak kira arep dijak sarapan pisan, jebul malah kon ngglethak dhisik, wis ayo Truk aja suwe-suwe ning padhepokan keparat kene”
”Wis Gong ora usah emosi, manut wae awake dhewe, mengko rak ya sarapan bareng” jelas Petruk menentramkan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar