Senin, 15 Juni 2009

Lounching Pejabat Foto Model

Tan samar pamoring suksma , sinukmaya winahywa ing asepi sinimpen telenging kalbu pambukaning warana , tarlen saking liyep layaping aluyup, pindha pesating supena sumusup ing rasa jati, ooong

Ketiga punggawa itu jadi berhenti menjadikan pembicaraan yang baru saja dibicarakan menjadi sebuah tema yang amat serius. Prabu Kresna nampak masygul dengan kondisi yang terjadi di Kahyangan Suralaya, kenapa Bathara Guru yang merupakan gurunya semua guru – baik yang sudah tersertifikasi ataupun para guru KTP- alias guru-guru kebanyakan , malah tinggal gelanggang colong playu, ndak bisa mengatasi kondisi kahyangan yang semakin carut marut. Dan dampaknya dirasakan sangat menyengat hidung. Mental korupsi merambah di semua sektor kehidupan. Muridnya badung, bandel, politisinya bermental korup, dokternya , polisinya, hakimnya, jaksanya bermental pemalak, sedangkan para pelaku ekonomi melakukan tindakan kejahatan berjamaah dengan ‘mengicrit-icrit’ stok pupuk, stok sembako, stok BBM, agar dipasaran menjadi langka, dan perekonomian masyarakat menjadi kacau. Demikian juga para penghulu, yang mestinya menjadi panglimanya perang melawan hawa nafsu, ini malah menjadikan urusan perkawinan masyarakat, atau warganya sebagai lahan meningkatkan penghasilan ‘sambilan’. Bahkan ada seorang penghulu yang kerjaannya sehari-hari hanya di meja bilyard “Oh pengulu sodrun” batin Werkudara dengan geram.
“Werkudara ..., Gathutkaca”
“Apa Jlitheng kakangku”
“Kasinggihan Wa”
“Sekarang awaknye dewe ini sudah berada di kahyangan Suralaya. Sesuai dengan misi kite yaknie; akan mengadakan tindakan pembersihan terhadap rereged yang mengganggu aktivitas ndik kahyangan kene, untuk itu Werkudara, sebelum acara Jemuah Resik ini aku ‘lounching’ marilah kita musyawarahkan kegiatan apa saja yang akan kita lukukan, termasuk sarapan pagi dan acara pasca Jemuah Resik nanti..”
“Nuwun sewu Wa, kula kok mboten mudheng kalian istilah Jemuah Resik ingkang paduka maksud ta?”
“Waah, bocah ki yen lantip mesti pikirane encer. Iki ngene ngger Gathut, iki kan ngepasi karo dina Jemuah ta ngger, dadi program awale awake dewe iki kan bakal nyekel bocah sekti sing nggawe ontran-ontran iki ta ngger, lan dina iki ngepasi karo dina Jemuah, mula kanggo nengeri iki aku mencanangkan Jemuah Resik. Lan misine awake dewe iki jumbuh karo programku sing wis lawas ndak gagas nalika ijik ning Mercapada nalika aku dadi ketua jurusan biyen. Lan kanggo lounching ,nengeri peristiwa penting iki aku uga wis nukokne ‘trening’ sragam olah raga kanggo wong telu, lan ora lali wartawan saka dalam dan luar negeri uga aku undang, supaya meliput ide gagasanku kang cemerlang iki, masyarakat supaya menilai bahwa aku orang hebat yang senantiasa memikirkan kebaikan. Mengko aja meri lho dhi, menawa mung aku wae kang mejeng ing koran, sebab saknyatane iki mau kabeh awit saka ide lan jerih payahku pribadi, mula ya ora aneh menawa aku entuk ‘bersih award’ “ jelas Prabu Kresna dengan amat GR nya
“Jlitheng kakangku, wong itu kalau mau mengaca pada pitutur luhur, mestine ora kawetu ucapan sing kaya mangkono. Iku mono termasuk bebuden asor, rendah derajadnya. Anane Bathara Guru keplayu saka kahyangan awit Guru wis dadi dewa lumuh, mlempem, nyambutgawene acak-acakan, administrasi PAK sing nggo munggah pangkat mung asile sulapan kong-kalikong karo atasane, PTK ora bisa nggawe dewe nanging uga tuku marang kancane utawa menyang pengawase. Akeh pejabat sing kaya mangkono kuwi, ketoke tetulung marang wong liya nanging ngono mau wis nyontoni barang kang ora bener, termasuk tindakan sing culas, apus-apus, lan maneh akibate barang kang dipangan uga dadi barang kang ora kalal, tundone bakal ngasilake barang kang reged uga. Mula aja nggumun Jlitheng kakangku menawa pawiyatan kaya ta pendidikan ing kahyangan uga ing Mercapada dadi rusak, bubrah, morat-marit ora karu-karuan, awit sumber pametune ngliwati dalan kang ora bener. Mula aku ngelikne marang kowe Jlitheng kakangku, aja sok seneng pamer, seneng diketok-ketokne sakabehing tumindak becikmu, tundone mung golek wah, golek pangalembana, golek moncering diri, golek jabatan kang luwih duwur, ngincer kursi bupati, wakil bupati, wali kota, presiden lan liya-liyane, ananging kowe ora sembada, ora gelem nulada marang ngelmune pari, wong iku menawa ngelmune lantip ora bakal ndangak pencilakan kaya manuk branjangan, ndingkluka, aja kadereng golek pamrih, nanging sesidemana ing babagan ngelmu aji, regemen angger-anggering kang kaserat ing kitab suci lan sunah Rasulmu, paribasane tangan tengen paring dana weweh, tangan kiwa aja nganti hanyumurupi, ing kono margane wong kang pinunjul jati..., iki uga ana paribasan, emas senadyan kecemplung endut, menawa kena banyu wening bakal tetep mencorong, ananging sing jenenge tai kucing iku senadyan ta dilumuri coklat mesti rasane ora ora bakal lingsir saka asline”
“Tegese piye?”
“Akeh wong sing kecele marga saka penampilan lan omongane pawongan, ...ketoke wonge gagah, bagus, gede duwur, sarjana S2, tau dadi ketua jurusan, pinter omong lan pinter umuk, sugih akal lan pinter njegali prestasi kancane, pinter melompat nglangkahi hak lan darbeke liyan kanthi cara-cara culas, ananging gandeng pinter nutupi mula para priyagung akeh sing tumungkul. Ananging Jlitheng kakangku, senadyan ta akeh para pejabat sing takluk karo deweke, emas lan prestasi iku mesti ora bakal mencorong, ketua jurusan sing tau disandang ora ndadekne kampus maju nanging malah hancur lebur ora karuan. Nanging dasar bola-bali sing jenenge menungsa iku wus nggawa watak lan sifat kang asli saka kelahirane, mula watak kaya mangkono ora bakal ilang, nanging malah saya ndadra, ilang siji deweke mesti nggolek loro, lan nggoleke mesti kanthi cara-cara julig lan culas maneh, lan elinga Jlitheng kakangku sing jenenge prestasi iku ora usah ndadak dipamer-pamerke, ditonjol-tonjolke,mesti ing sadengah wektu masyarakat luas bakal mbijeni dewe, lan iki sajake wus kasembadan Jlitheng kakangku...,cita-citane dadi penguasa, sing direkadaya wis suwi wis kasil dilungguhi, mula hayo padha disekseni apa ya bener menawa tai kucing mau bakal ora konangan”
“Oh iya di, hayo pada disekseni, lan didongakne, muga-muga pejabat sing ngeyel ndadekne marga kasuwuk karo omongane, sigra sadar, bangkit hanyirep dahuru kang bakal tumiba ing Mercapada iki”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar