Senin, 15 Juni 2009

Pemimpin yang Berbudi Bawa Leksana

Mendengar para punakawan sedang riuh tertawa, tiba-tiba Dewa Resi datang menghampiri.
”Ana apa para punakawan kok gayeng banget?”
”Wah, nuwun sewu panembahan, ini lho Petruk tadi bermimpi nganeh-anehi” sahut Bagong
”Ngimpi apa kowe Petruk?”
”Ah, nuwun pangapunten lho panembahan, perasaan kulo niku dalam mimpi kulo niku lha kok dilantik jadi rektor Universitas Ngawiyat mriki lho Panembahan, lha niku rak inggih mustahil to ?, lha wong ing ngatasnya saya, saja ndak pernah makan bangku sekolah, mboten saget maca tulis, napa malih thek kliweripun menejemen pendidikan, surat-menyurat, lan sanes-sanesipun, lha napa nggih universitas sing pun kondang ngriki saged majeng, lha kecuali menawi babagan arta menawi menika kula taksih saged ngetang untung ruginipun, lan menawi saged babagan arta menika menawi saged nggih untung terus....”
”Waaah kabeh wong, yen ngono wae ya isa ta le”sahut Gareng
”Pancen Petruk niku menawi babagan arta mboten purun kalah kok mbah, lha wong dhek wingi niku kula ngajokaken proposal kangge tumbas sarung,kaliyan rompi Punakawan ingkang sampun kumel menika dumateng ndara Putadewa, lha kok proposal sampun mandhap, angsal palilah saking ndara Punta, kula sing ndamel proposal dicampakkan begitu saja, lumayan kalau uang itu diwujudkan sesuai dengan proposal, lha kok ngertos-ngertos kula nggih pun angsal rompi kalih sarung ning sedaya rombengan ” timpal Bagong mengadu
”Apa ya bener kandane Bagong Petruk?”
”Leres !!, Panembahan, kula seksine!!” sahut Gareng meyakinkan
”Piye Petruk ?”
”Waaa, alamat surat kan ditujukan kepada saya panembahan, jadi saya ya yang paling berhak mencairkan dan mengoperasionalkan proposal niku Panembahan” jelas Petruk membela sekenanya

Panembahan Dewa Resi nampak menghela nafas dalam-dalam. Diusapnya pundak Petruk, Bagong dan Gareng yang tengah duduk di depannya. Kemudian rokok ’ting-we’ klobot jagung beraroma kemenyan segera dimatikan di lantai tanah. Nampak arang tembakau keluar, dan menghempaskan asap terakhir ke udara.
”Ngger Gareng, Petruk dan Bagong ...”
”Nggih , Panembahan...” jawab Punakawan serempak
”Mbok menawa wis dadi wataknya manusia..., Nalika Gusti Ingkang Akarya Jagad aweh pitakonan marang makhluk-makhluk ciptaane, sapa sing sanggup mikul amanahKu ning ndonya, kala semana amung menungsa sing ngaku sanggup, padahal sing jenenge amanah iku abot. Abote ngluwihi langit lan bumi, mula ora dadi barang aneh menawa ing jagad sak iki akeh para menungsa rebutan amanah, ngaku-aku menawa kabeh isa nyandang amanah. Lumrahing timba iku nggolek sumur, nanging sak iki kuwalik ngger, akeh sumur sing nggolek timba. Contone delengen kae ana sadengah prapatan, baliho-baliho para petualang amanah, pada pamer kapinterane, keprigelane, para dukun-dukun pada pamer kasektene, para pejabat pada pamer keberhasilane, para anggota dewan pada pamer pengaruhe dene para caleg pamer kapribadenne. ...
Ngger... senadyan ta kowe jejer dadi wong cilik, nanging atimu sing bawera ya ngger. Jejer pemimpin iku kudu Berbudi Bawa Leksana. Kowe iku uga pemimpin lho ngger, maka ungkapan tadi kamu pakai sebagai pedoman. 1) Berbudi maksudnya rela, iklas lahir batin legawa ing driya. Agung paring dana angganjar saben dina. Bawa Leksana, taat dengan apa yang telah diucapkan. Segala tindak-tanduk, bicara, solah bawa, harus dijaga, sebab akan ditiru oleh bawahannya. 2) Pangesthining tyas santosa, maksudnya hatinya teguh istiqamah, tidak berbicara dusta, tidak terpengaruh ucapan orang lain yang tidak ada dasar hukumnya, 3) Budi Sudibya, terampil mengolah bahasa, tanggap ing cipta sasmita, 4) Ambeg Paramarta ; amartani sabuwana, tidak pernah membuat sakit hati, menyengsarakan orang lain, harus pemaaf, sabar, maklum, dan tepaslira kepada sesama, 6) Anata,aniti,amariksa, amisesa; anata maksudnya sebagai pemimpin harus bisa mengatur pemerintahannya, termasuk administrasi, struktur, mekanisme kerja , kepangkatan, keuangan,kepegawaian,program kerja,kelangsungan dan kenyamanan kerja, dan lain-lain, aniti maksudnya sebagai pemimpin harus bisa memberi dan menerima masukan dari dan ke bawahannya, amariksa artinya bisa melihat kemudian tanggap, misalnya kalau ada yang berduka, maka kita harus menghibur, kalau ada yang miskin, tidak punya pekerjaan, kita harus bisa mempekerjakanya, amisesa, artinya semua yang melanggar hukum harus dipidanakan, tanpa pilih kasih. 7) Tanu-ita artinya sebagai pemimpin harus selalu tekun beribadah, manekung mring Gusti Kang Maha Agung, olah kapribaden supaya berjiwa suci dan agung. 8) Sama-ita, selalu berada di jalan lurus dan adil, 9) Darma-ita memiliki watak bijaksana, 10) Sara-ita, bisa menciptakan kepemimpinan yang tentram, melindungi semuanya hingga mereka merasakan ayem tentrem, sedangkan yang terakhir adalah seorang pemimpin harus mampu mangkat, matah, matrap dan mandum....”
”Maksude napa mbah ?”
”Iki bakal aku jelasken lain kali saja ya, simbah arep nonton pesta kembang api ning alun-alun dhisik ...”
”Ooooo ... dhasar resi katrok...” sergah Bagong kuciwa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar